Asal Usul Telaga Ngebel nyariosaken lelampahanipun Baru Klinting, putra Ki Ageng Mangir lan Nyai Rara Kijang, ingkang miyos awujud naga. Kangge dados manungsa lumrah, piyambakipun kedah nglampahi tapa kanthi manah sabar lan ikhlas. Sasampunipun tapa rampung, Baru Klinting malah dipunremehakaken déning para warga, kajawi satunggaling simbah ingkang gadhah rasa welas asih. Amargi tumindak srakah lan boten gadhah rasa kamanungsan para warga, Baru Klinting ndadosaken banjir ageng ingkang salajengipun mbentuk Telaga Ngebel. Crita punika ngemot piwulang babagan pentinging rasa welas asih, tulung-tinulung, saha boten ngremehakaken tiyang sanes.
Sign in to leave a comment.